Ukara Pakon (Kongkonan/Pangakon) Lan Ukara Pitakon
Bocah-bocah sekolah mesthi dha bingung menawa ana pelajaran nggawe ukara pakon (kongkonan/pangakon) lan pitakon. Ukara pakon (menawa kongkonan/pangakon) ki apa? Ukara pitakon ki apa maneh. Wong tuwane ya dha bingung sing dimaksud ukara pakon ki apa? Ukara pitakon yakuwi ukara kang ngandhut teges nakokake apa wae lan biyasane ngaggo tembung pitakonan, kayata : Sapa kuwi?, Dina apa?, Genea?, Kepiye? lan liya-liyane. Ukara pakon (pangakon/kongkonan) yakuwi ukara kang tegese kongkonan utawa ajakan.
Tuladha ukara pitakon :
Kapan anggonmu lunga menyang Palembang ?
Sapa jenenge guru basa Jawa ning sekolahanmu?
Arep ning ngendi?
Piye carane nggawe wedang jae?
Jam pira adhimu mulih sekolah?
Sapa sing nyanyi ning kamar mandi kae?
Tuladha ukara pakon (kongkonan/pangakon):
Tulung jupukna garisan ning jero tasku!
Gawanen wungkusan iki!
Tukua lenga ning warung!
Gawea layang kanggo Pak Likmu sing ning Jakarta!
Setrikakna rasukane Bapakmu kuwi!
Resikana kamarmu!
Rampungna anggonmu sinau!
Gek ndang turu, sesuk kawanen lho!
Tulung gawekna aku ukara pakon lan pitakon, cacahe lima!
Unggah Ungguh Basa
Menawa sampeyan kabeh ngendikan, samesthine kudu dhelok kahanan, marang sapa, ana ngendhi. Ana ing basa Jawa, menawa ngobrol karo kanca sabarakan utawa padha umure, sing wis dikenal akrab cukup nganggo basa ngoko ora apa-apa. Menawa ngobrol karo sing wus sepuh banget nganggo kromo inggil. Kromo tengah-tengah digunakake menawa lagi ngobrol karo wong tuwo nanging ana kahanan sing ora patio resmi, isa uga kanggo mbasakake awake dhewe menawa lagi ngobrol nganggo kromo inggil marang sing luwih tuwa. Maksudku ki umpamane diajak ngobrol karo wong kang luwih tuwa, awake dhewe sing luwih enom nganggo basa kromo inggil, nanging ben ora jomplang basane, awake dhewe mbasakake apa-apa sing kanggo awake dhewe nganggo basa kromo madya.
Tuladha :
“Menapa Eyang inggih badhe kondhur, amargi kula sampun ajeng manthuk”.
Ngendhika nganggo basa kromo marang wong liya mujudake pangurmatan liyan, nanging ora teges menawa ngendhika nganggo basa ngoko ki ora ngurmati, ning kahanan wae utawa malah dianggep awake dhewe kanca akrab.
Ngisor iki tuladha-tuladhane :
Ngoko—————–Krama—————–Krama Inggil
adhi———————adhi———————rayi
adoh——————–tebih———————–
alis———————-alis———————-imba
awak——————–badan——————salira
adus——————–adus——————–siram
ajang——————–ajang——————ambeng
aku———————-kula——————–kawula, adalem, abdi dalem
amit———————amit——————-kula nuwun
ambung—————-ambung—————aras
anak——————–anak——————-putra
anak-anak————-anak-anak————peputra
anggo——————angge—————–agem
ayo, enya————-mangga—————sumangga
ati———————-manah—————-panggalih
arep——————-ajeng, badhe———kersa
aran——————-nami——————asma
Balung—————-balung—————-tosan
bantal—————-bantal—————–kajang sirah
Tembung Camboran Wancah
Bangcuk saka abang pucuk
Bangjo saka abang ijo
Barbeh saka bubar kabeh
Barji saka bubar siji
Dhelik saka gedhe cilik
Dhemes saka gedhe lemes
Dubang saka idu abang
Gaji wakma saka sega siji iwake lima
jiro saka siji loro
jitus saka siji satus
kakkong saka tungkak bokong
kwelem saka kweni pelem
tekting saka entek nglinting
paklik saka bapak cilik
nasdithel saka panas legi kenthel
rengning saka ireng kuning
tingwe saka nglinting dhewe
thukmis saka bathuk klimis
wandhak saka dhawa cendhak
tahteng saka mentah mateng
saerah saka sae tur murah
Jeneng-jeneng ning Nggon Cerita Wayang
Batara Kresna
Dheweke Ratu ning Dwarawati
Putrane Prabu Basudewa, ratu ning mandura lan permaisurine sing jeneng Dewi Ugraini.
Putrane Batara Kresna :
Raden Samba lan Raden Gunadewa saka permaisuri Dewi Jembawati.
Saranadewa lan Partadewa saka permaisuri Dewi Rukmini
Setyaka dari permaisuri Dewi Setyaboma
Sitija dan Dewi Sitisundari saka permaisuri Dewi Pertiwi
Pusaka Batara Kresna : Wijayakusuma, cangkok wijayamulya, senjata Cakra.
2. Rama/Ramabadra/Ramawijaya
Bapa ibune : Prabu Dasarata lan Permaisuri Dewi Mulyandari/Dewi Rago ning Madyapura.
Rama ratu ning Pancawati, duwe permaisuri Dwi Sinta
Pusakane : Wijayastra
3. Batara Kamajaya
Wongtuwane : Batara Ismaya
Permaisuri : Dewi Kamararatih
4. Santanu
Wongtuwane : Prabu sandana saka hastinapura lan Dewi Santawati
Permaisurine : Dewi Gangga lan Dewi Citradewi/Setyawati
Putra-putrane : Citragada, Citrasena
5. Puntadewa
Wongtuwane : Prabu Pandudewanata lan Dewi Kunti
Kratone : Amarta/Endraprasta
Permaisurine : Dewi Drupadi
Putrane : Pancawala
Nggawe Ukara
Ukara ana pirang-pirang wernane, ana ukara pakon, ukara pitakon, ukara lamba, ukara camboran lan liya-liyane.
Ukara lamba yaiku ukara kang kedadean saka jejer, wasesa, lesan,katrangan) mung siji lan gagasane uga mung siji. Ana in basa Indonesia ukara lamba iku kadadean saka subjek, predikat, objek utawa keterangan uga mung siji.
Tuladha :
1) Bapak maos koran.
Bapak : subjek/jejer; maos : predikat/wasesa; koran : objek/lesan
2) Ibu nggendong adhik.
Ibu : subjek/jejer; nggendong : predikat/wasesa; adhik : objek/lesan
3) Pak Guru nyerat ten blabak.
Pak Guru : subjek/jejer; nyerat : predikat/wasesa; ten blabak : keterangan/katrangan
4)Andi sinau basa.
Andi : subjek/jejer; sinau : predikat/wasesa; basa : objek/lesan.
Jejer ing basa Indonesia diarani subjek. Jejer isa kedadean saka jeneng uwong, negara, kutha, wulan, kembang, kewan, lan liya-liyane. Tuladha : Anton, Tuti, Pak Guru, Bu Guru, Aryo, Indonesia, Walanda, Ngayogyakarta, Pitik, lan liya-liyane. Jejer biyasane diwenehke ngarep ukara utawa sauwise katrangan wektu. Tuladha : Sesuk Ibu tindhak.
Wasesa kang ing basa Indonesia diarani predikat kedadean saka ukara kang tegese nandhang gaweyan apa wae. Biyasane diwenehake ning mburi jejer. Tuladha : sinau, turu, mangan, macul, mlayu, tindhak, nganakake, nindhakake, ngaturi. ngutus, diutus, lan liya-liyane. Wasesa isa uga saka tembung kahanan, kayata : resik, sregep, keset, pinter, apik. Tuladha : Adhiku sregep, Raras iku pinter. Pokoke jejer kuwi ning ngarep dhewe utawa ning mburi katrangan wektu, wasesa ning mburine jejer.
Lesan utawa objek biyasane kedadean saka aran barang apa wae, papane ning mburi wasesa. Pak Dhe nitih pit. Pit ning kene dadi lesan. Ibu tumbas tigan. Lesan ing ukara iku yakuwi tigan (telur). Monggo sinau nggawe ukara.