Seneng Sinau Jawa

website sinau basa lan kabudayan Jawa kanggo pemula

Wage lan Pahing

pada Januari 22, 2011

Wage lan Pahing iku jeneng pasaran ana ing tanggalan Jawa. Sakjane pasaran Jawa orang mung lara ning ana lima, yaiku Kliwon, Legi lan Pon. Aku njajal njingglengi tanggalan karo prastawa-prastawa gedhe ning Indonesia. Prastawa kuwi yaiku kayata :

Lindhu lan Tsunami ing Tlatah Aceh lan Sumatera Utara kang wadale akeh banget. Kedaden kuwi ana surya kaping 26 Desember 2004 dina Minggu Pahing.

Lindhu gedhe ing Ngayogyakarta uga tumbale akeh. Kedadeyane surya kaping 27 wulan Mei taun 2006. nDilalahe kedaden dina Setu Wage isuk-isuk.

Tsunami Mentawai kedaden tanggal 25 Oktober 2010, nanging wis jam 11 mbengi saengga wis dianggep malem Pahing.

Merapi Grudug dina Selasa Sore 26 Oktober 2010 kang uga lumayan akeh tumbale, uga dina pasarane Pahing. Jemuwahe pas grudug 5 November 2010 uga tiba Pahing lan Minggune 7 November 2010 tibane Wage.

Aku urung ngerti apa sesambungane antarane pasaran Wage lan Pahing lan karo pagebluk sing kedaden ing Indonesia. Ya ming Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos sing ngerti sakabehe.


2 Tanggapan to “Wage lan Pahing”

  1. Pak Dar mengatakan:

    Menapa wonten sesambetanipun? Sedaya sampun ginaris Engkang Maha Kuwaos.
    Mbok manawi makaten nggih?

Tinggalkan Balasan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.