Sugeng Warsa Enggal 2011

Sugeng Warsa Enggal, rencang-rencang kawula ingkang kawula tresnani. Sanajan sampun radi telat anggen kawula ngaturaken menika, nanging mugi tansah damel remen penggalih. Rencang-rencang, kathah ingkang sampun kawula, panjenengan, lan sanes-sanesipun tindakaken, sampun dipun menangi wonten taun 2010 kepengker. Negara saweg nandang kesisahan amargi kathah kedadeyan, prastawa, sarwa marai mbrebes mili. Kados ta tsunami ten Mentawai, gruduge redi Merapi, memalane Gayus Tambunan kaliyan Ariel, lan sanes-sanesipun.

Kathah tiyang Indonesia ingkang dados korban wonten prastawa grudug Redi Merapi. Dumugi sakniki taksih kathah banjir lahar dingin ingkang mlayu wonten padusunan tlatah Magelang, ngantos Mergi Magelang Jogja dipun tutup, pindah jalur ten Kalibawang. Kathah tiyang dusun mboten saged mlampah wonten papan sanes kangge makarya amargi kreteke ambrol. Kathah tiyang ingkang dereng angsal panggenan saking gruduge Merapi 26 Oktober 2010. Mangsa jawah kraos dawa sanget, deres, lan kali-kali sami banjir mbeta awu utawi wedi Merapi kacampur watu-watu ageng. Tlatah sacelake Redi Merapi kados ara-ara. Ingkang dados remen inggih menika tanaman umbi-umbian, kayata kimpul saged urip subur, lan gedhang.

MUgi-mugi wonten taun 2011 menika, kathah ingkang saged kita sedaya tindakaken kangge ndandani sedaya nipun.

Dongenge Kancil Sing Cilik Ning Pinter (Seri 1)

Prastawa iki kedaden ana ing zaman peteng dhedhet ning Bumi Jawa, ora ana pepadhang saliyane srengenge, lintang lan rembulan, dunya dikebaki tetanduran rungkut lan gedhe-gedhe, nalikane alas isih jembar, wit-wit gedhe ngadheg mejejer, sawah-sawah ijo royo-royo, omah-omah manungsa durung ngebaki  lemah. Kewan-kewan isa guneman kayata manungsa. Sapa sing kuwat mesthi menang. Ing zaman kuwi ana sawijining kewan, kang awake cilik methentheng, sekel, nanging manis pawakane, yakuwi kang aran Kancil.

           Kancil kuwi kewan sing prigel, seneng srawung karo kanca-kanca kewan liyane. Saking bocah kuwi pinter, kadang kala kanca-kancane nganti salah ngira menawa Kancil ki Bocah Nakal. Kancil sing diarani nakal kuwi, sakjane ora bener. Sing bener kancil iku kewan sing pinter. Nanging menawa nemoni bebaya apa wae dheweke mesthi isa uwal, ya mung amarga pintere, wasise lan kawicaksanane. Saking pintere Kancil kerep slamet utawa uwal saka bebaya lan isa nylametake kanca-kancane saka bebaya.

 *********

 Ing sawijining dina, Kancil mlaku sireng-sireng dhewekan ning tengah alas Roban. Ndilalahe kok ya ndadak kepethuk Kali sing lagi banjir. Kancil katon mubeng minger nggolek cara ben isa tekan panggonan tan kena bebaya. Lagi methentheng menggalih kepiye ben isa tekan sebrang kali, dumadakan dikageti dening Baya, sing nguwasani Kali.

”Cil!!!! Piye kabarmu, apik-apik to, kok katon lemu awakmu, pakanmu apa Le, cah pinter…………….?”, kandhane Baya sok akrab ro rada meden-medeni kae.

”Wooo, apik wae Lik Baya………………….semana uga piye kabarmu, Lik?” celathune Kancil karo rada cubriya marang dheweke, atine wis krasa nek lagi ngadhepi bebaya.

”Aku kabare apik, Cil, …….ning eman, aku ki durung entuk pangan wis pirang-pirang dina iki, ora ana sing liwat ning kali iki, embuh apa dha apal pa ya nek liwat kene wedi ndhak tak brakot.

Kancil cubriyane saya gedhe lan wiwit nggolek cara ben ora kebrakot sing mbaureksa kali kuwi.

Ra let suwe ujug-ujug sikile Kancil digujengi karo Baya,”Cil, aku ngelih banget, gelem ya tak mangsa………….grrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrr!”.

”Sik…sik Lik, kowe mau lak kandha nek aku rada lemu, mulakna kuwi engko ndhak marai kanca-kancamu ing kali iki dha ngamuk, amarga ora komanan awakku. Mendhing sesuk wae nek akeh brayatmu …………………”, kandhane Kancil karo nampel gujengane Baya.

Baya manggut-manggut, karo rada mangkel sajake, ”Yoh, engko tak kandhanane kanca-kancaku, ning tenan lho, aja ngapusi, tak oyak ning ngendhi wae kowe mlayu!………………”.

”Yo, Lik, tak enteni, sesuk isuk yo…………………”.

Baya lunga saka papan kuwi arep nggoleki kanca-kancane, karo ngobat-ngabitke buntute.

Sugeng Riyadi 1431

Sugeng Riyadi, luput njaluk pangapura. Bakda-bakda dha sumringah, apa-apa dianyarake, omahe dicet, klambine anak bojo anyar, mobile anyar, ning bojo aja anyar. Sauwise sesasi pasa nutuk ngampet mangan, ngombe, turu, saiki mesthine ning dha turu ditutukke, mangan sak dayak. Ning sembahyang ora akeh kaya nek tarawihan, sakjane ki nek manut kyai, ngibadah kudune dha diapikne, ning embuh. Kepiye wae sing penting kabeh dha seneng. Aku ya melu seneng, ning nek dhek cilik aku diwenehi dhuwot, saiki aku genti sing menehi dhuwit, kudune, ning nek ora ya ra papa, tegese infaq ro zakate kurang, he..he..he.

Bakdha-bakdha aku karo sedulurku ngubengi Sleman, nggoleki wong dha tekbir ki isih ana ora, pisanane mercone pating njledher, cen wiwit sakdurunge pasa, ning pas malem riyaya saya sero lan rame. Lebar Isyak aku mubeng, blas ra ana rombongan mubeng nggawa oncor kaya mbiyen cilikanku. Restoran-restoran kebak, toko-toko rasukan kebak, waduh, iki arep bakda apa arep fashion show. Aku wis pesimis bakal nemoni rombongan tekbiran kaya Sleman wis dha lali karo sing nggawe urip, aku pitakon, apa Sleman wis ora duwe agama pa ya? jebulane ra let suwe aku weruh rombongan akeh banget ra pedhot=pedhot dha muji Gusti Allah. Alhamdulillah jebulane kuthaku isih duwe pangarep-arep nggon kabecikan lan pangabekten marang Sing Gawe Urip. Alhamdulillah. Irit-iritan rombongan tekbir saya akeh, ana sing mlaku, ana sing numpak roda papat. Saya mbengi saya akeh sing dha tekbir, muga-muga ya iki potret Sleman, Ngayogyakarta singa sli, nom-nomane isih reti agama, moral, luhur pekertine. Ora ming pas riyaya. Muga-muga ora mung ngga kekudung ning arep nggolek yang, njur yang-yangan, ning ya tenan-tenan nggambarake Sleman, Ngayogyakarta sing asli, sing isih ngerti agama, he..he..he.

Kotagede, kutha tuwa ning Jogja

Kotagede, Kuthagede, Kotto Gedee, kutha ning Jogja sing wis nate dadi kutharaja nalika zaman Mataram Islam. Lons mbiwarakake menawa tahun 1733 kraton ing kutharaja kuwi dhuweni pager mubeng kang digawe saka watu gunung. Kuthagede, benteng kanggo ngamanake nagara utawa Kraton, baluwarti. Ana ing jeron kana kabeh pagaweyan pamarentahan tradisional ditindhakake.

Sakwise telung abad lumaku, saiki Kotagede isih ngatonake tetingalan kutha tuwa. Kutha iki dadi kutha perak, amarga akeh wong-wong kana sing dhuweni omah kanggo ngracik industri kerajinan saka perak. Menawa awake dhewe dolan mrana, sisa-sisa bangunan tuwa isih katon, kayata makam Ratu-Ratu Mataram Islam, mesjid Gedhe Mataram, watu gatheng, omah joglo, omah kalang lan liya-liyane. Menawa disawang kanthi premana, tatanan kutha ya isih kaya zaman mbiyen, jagang-jagang. Ana ing kompleks Makam Agung sakmburine Masjid Agung kuwi kanggo nyarekake Ratu Mataram kang kapisan, yaiku Panembahan Senopati, Ki Ageng Pemanahan, lan Sunan Seda ing Krapyak. Sakliyane kuwi uga kanggo nyarekake Sultan Hamenku Buwana II lan Pangeran Adipati Paku Alam I.

Ing sak kidule tembok makam ana kompleks Sendang kakung, Sendang Putri lan Sendang Kemuning. Telung meter mangidul maneh ana kampung Dalem isa nyawang Cepuri, tembok mubeng sing gedhe lan dhuwur ngubengi kraton.

Nalika kutharaja Mataram alihan enggon, Kotagede dadi kutha dagang lan industri. Ning kana dha dibangun omah-omah tradisional Jawa lan omah Kalang, Saudagaran. Omah-omah Kalang biyasane nganggo corak saka manca nanging ora ninggalake sing tradisional.

Kotagede nalika ana lindhu, akeh bangunan sing dha ambruk. Ana wong-wong sing pancen peduli karo Kotagede, trus cawe-cawe nggolek donor kanggo mbangun maneh kutha tuwa iki. Saka pamarentah dhewe ya ora meneng wae.

Kotagede, dadi pananda menawa mbiyen ing Jogja ana Mataram Islam sing gedhe tenan.

Malem 1 Sura (Mengeti Warsa Enggal)

Malem 1 Sura (1 Muharram) taun iki (2009) ndilalahe pas malem Jemuwah Kliwon. Miturut wong-wong sepuh, wengi kuwi nduweni perbawa, angker, ana teges. Kanggone wong-wong enom, embuh ora ngerti, ya ming wong-wong enom sing ngerti kaluhurane budine leluhur sing ngertine babagan kaya ngene kiyi. Ora pendhak malem 1 Sura tiba ning malem Jemuwah Kliwon, angel, mula nek akeh sing ngupadi kawilujengan ana ing wengi kuwi nganggo werna-werna cara. Ana sing kanthi kungkum ning kali sewengi nutuk, ana sing nganakake yasinan utawa tahlilan, ana sing nganggo ihtikaf ning masjid, ana sing lek-lekan, ana sing bakar-bakaran utawa hura-hura.

Malem 1 Sura sing marai atiku gumun, yakuwi nalika akeh uwong, atusan wengi-wengi, jam rolasan, padha mlaku mbisu ngubengi beteng Kraton. Ora enom ra tuwo dha melu. Ora entuk omong blas. Ana sing miwiti lelaku saka omahe sing cedhak beteng, umpamane omahe cedhak pojok beteng kidul, mula ning miwiti saka pojok beteng kidul. Menawa omahe cedhak alun-alun, mula ning miwiti saka alun-alun. Akeh-akehe dha miwiti saka ngalun-alun. Ana sing ngubengi beteng kaping pisan, ana sing kaping loro, ana sing kaping telu lan ana sing luwih. Aku nyegad Ibu-Ibu sing omahe cedhak Pojok Beteng Kidul, tak titipke kendaranku ning nggone kanca, terus aku melu Ibu-Ibu iki. Ning dalan ana cah wadon takon, ora ana sing nyaut blas, ming nganggo basa isyarat.

Saka lelaku kuwi isa di maknani menawa urip ki padha karo mlaku. Apa sing arep dituju menungsa ki butuh usaha, perjuangan. Kabeh lelakon urip ki kudu dilakoni kanthi ikhlas lan tansah dedonga. Muga-muga Indonesia – Yogyakarta tansah aman, slamet, ora enthuk bebaya gedhe……………………………..Sakliyane donga kanggo awake dhewe. Le kandha ki sasi Muharram ki mandi/mujarab nek nggo dedonga, apamaneh menawa wayah wengi……..Wallahu Alam. Simbah-simbah pancen pinter ngolah agama lan kabudayan. Nggon Islam ana tahajud, nggon Nasrani ana Rosario, nggon Hindu/Budha ana uga lelaku, kanggone wong Jawa ngupadi sukses urip ki kudu dilakoni kanthi lelaku, kayata pasa, lek-lekan, ngubengi omah lan liya-liyane.

Tembung ,”Maaf, Bahasa Jawa Kurang Lancar” ing Rapat

Menawa sak-Jawa Tengah-Jawa Timur-Yogyakarta, sakkabehing kantor, sekolah, kelurahan, kecamatan, kabupaten, provinsi dikudokake nganggo basa Jawa ing pendhak dina apa ing saben Minggu , mesti akeh sing ngendhika sik sakdurunge ditindhakake,”Maaf, Bahasa Jawa saya kurang lancar, pakai Bahasa Indonesia saja agar maksud tujuan dapat dimengerti”. Kerep-kerep tembung “maaf” kasebut dening wong-wong sing ngendhikan ning ngarep wong akeh menawa ana rapat-rapat.

Umpama sakkabehing panggonan kuwi ndhuweni krenteg nggunakake basa Jawa sedina wae ana ing sak minggu wae, mesthi ana sing lucu, embuh piye carane ben ora nganggo basa Jawa, amarga rapat nganggo basa Jawa ki pancen angel. Kerep banget aku meruhi suasana wong rapat sing nganggo basa Jawa. Nek ning ndhesa basa Jawa asring digunakake ana ing acara werna-werna, kayata rapat, resepsi lan panguntap lelayon, biyasane nganggo basa Jawa, ya ora ana tembung sing kleru, mergane wong-wong kuwi wus kulina nganggo basa Jawa. Nanging nek ning kantor ana ing kutha mesthi padha sambat, lan tembung “Maaf………….”sakdurunge ngendhika mesthi kasebut.

Pisanane ki dha lancar-lancar wae,”Sugeng enjang, Alhamdulillah saged pepanggihan malih wonten acara menika……………………” terus menawa kudu ngendhika sing nggon rada-rada angel, mesthi rapate dadi ger-geran. Nek nggon sekolahan luwih lucu maneh palingna, bocah-bocah dha biyasa nganggo basa Indonesia, dikon nganggo basa Jawa sedina wae, mesthi luwih lucu……………………

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.