Corat coret

Corat coret

Iklan

Sila-silahing Tembung

Miturut golongane tembung ana sepuluh warna (M. ABi Tofani, Sari-sari Pepak Basa Jawi) :

1) Tembung aran (kata benda)

contone : lincak, meja, radio, lemari, montor, prau, pitik, wedhus, sapi, kebo, macan, srengenge, lintang, lan liya-liyane

2) Tembung kriya (kata kerja)

contone : mangan, ngombe, nyapu, maca, mlayu, mlaku, nandur, nggawe, nulis, ngomong, adus, tuku, lan liya-liyane

3) Tembung ganti (kata ganti)

Contone : aku, kowe, dheweke, sampeyan, kula, panjenengan, ….ku, …mu, lan liya-liyane, golekana dhewe…

4) Tembung wilangan (kata bilangan)

Contone : siji, loro, telu, papat, lima, enem……………….lan liya-liyane

5) Tembung sipat/kaanan (kata sifat)

Contone : apik, ala, ayu, pinter, sregep, crobo, putih….lan liya-liyane

6) Tembung katrangan (kata keterangan)

Contone: ngisor, ndhuwur, pinggir, kulon,wetan, kana, kene,….lan liya-liyane

7) Tembung Seru/pangguwuh (kata seru)

Contone : wah, wadhuh, ah, tulung, lho, eh, lan liya-liyane

8) Tembung sandhangan (kata sandhang)

Contone : Sang, Hyang, Raden, Kyai, lan liya-liyane

9) Tembung penyambung (kata sambung)

contone : lan, sarta, wusana, nanging, mulane

10) Tembung pangarep

contone : saka, ing, mung, menyang, sing, yen

Tembung Dasa Nama (1)

abang = abing, abrit, mbranang, mbrining, merah, jingga, dhadhu, rekta

anak = putra, atmaja, yoga, tanaya, suta, siwi, sunu, weka

angin= maruta, bayu, bajra, pawana, sindhung, riwut, samirana, lesus, hawa

alas =wana, wanadri, jenggala

arep=karsa, apti, ayun

awak = badan, salira, angga, raga

bapak = rama, yayah, sudarma, sudarmi, bapa

bledheg = guntur, guruh, bajra, erawati, gelap

bodho = goblog, koplo, kepleg, blilu, dama jugul, kumprung, mudha, pengunvg, pingging, punggung

bumi = bawana, buwana, bantala, butala, basundra, basundari, buntala, jagad, kisma, pratiwi, pratala, mandhala

buta = denawa, ditya, diyu, asura, danuja, yaksa, kelana, raseksa, wil

candra = rembulan, purnama, wulan, sasi

dalan = ratan, lurung, delanggung, enu, gili, hawan, lebuh, marga, sopana

dewa =apsara, apsari,bathara, bathari, dewata, sura, hyang, jawata, widadara, widadari

kirik=sona, srenggara

 

Saka: M.Abi Fani,Sari-sari Pepak Basa Jawi

Basa Jawa kuwi komplit

Sinau basa jawa mesti seneng, merga akeh tembung-tembung sik angel diterjemahke ing basa liyane. Coba goleka tembung, rak akeh banget. Basa Jawa duwe dasa nama, parikan, cangkriman.

Tembung lungguh ana sing jegong, sila, slonjor, lendhetan, lan liya-liyane.

Tembung nggawa, isa wae nyangking, nyunggi, nggendong, ngasta, mbeta.

Tembung mangan isa wae dhahar, nedha, ngajeng lan liyane.

Tembung clingak clinguk, merem melek, mledhing, angus, curek, upil, ki apa basa Indonesiane lan basa Inggrise, lak angel banget.

Tembung lunga ki isa tindhak, minggat. Urung nek ditambahi lunga klepat. Pokoke ana tembung sing paling alus lan kasar ki ana.

Tembung nginang, dede, dhidhis, rembes, iler, singunen, coba apa basa liyane? Rak uangel pol.

Piranti Kanggo Lelungan (Sarana Transportasi)

Jaman saiki akeh piranti kanggo lelungan kang luwih amot akeh, tur cepet tekan panggonan. Piranti lelungan utawa sarana transportasi iku dibedakake ana telu, yaiku piranti lelungan liwat ndharat, piranti lelungan liwat banyu, piranti lelungan liwat angkasa.

Piranti angkudan liwat ndharat yaiku kayata mobil, sepedha, montor, sepur, trek, andhong, dhokar, becak lan isih akeh maneh.

Piranti lelungan (tindakan) sing liwat banyu yaiku kayata : kapal, prau, gethek, lan lya-liyane.

Piranti lelungan kang ngliwati angkasa kayata yaiku : montor mabur, helikopter, jet, lan liya-liyane.

Saka kabeh jinis piranti kanggo tindakan, kang paling cepet tekan panggonan kang dituju yaiku piranti angkasa. Montor mabur isa momot uwong akeh tur isa luwih cepet. Umpamane nek numpak bis ning Jakarta paling ora mbutuhake wektu sewengi, nanging menawa numpak pesawat mung mbutuhake wektu paling ora sak jam.

unduhan (1)unduhan

Wage lan Pahing

Wage lan Pahing iku jeneng pasaran ana ing tanggalan Jawa. Sakjane pasaran Jawa orang mung lara ning ana lima, yaiku Kliwon, Legi lan Pon. Aku njajal njingglengi tanggalan karo prastawa-prastawa gedhe ning Indonesia. Prastawa kuwi yaiku kayata :

Lindhu lan Tsunami ing Tlatah Aceh lan Sumatera Utara kang wadale akeh banget. Kedaden kuwi ana surya kaping 26 Desember 2004 dina Minggu Pahing.

Lindhu gedhe ing Ngayogyakarta uga tumbale akeh. Kedadeyane surya kaping 27 wulan Mei taun 2006. nDilalahe kedaden dina Setu Wage isuk-isuk.

Tsunami Mentawai kedaden tanggal 25 Oktober 2010, nanging wis jam 11 mbengi saengga wis dianggep malem Pahing.

Merapi Grudug dina Selasa Sore 26 Oktober 2010 kang uga lumayan akeh tumbale, uga dina pasarane Pahing. Jemuwahe pas grudug 5 November 2010 uga tiba Pahing lan Minggune 7 November 2010 tibane Wage.

Aku urung ngerti apa sesambungane antarane pasaran Wage lan Pahing lan karo pagebluk sing kedaden ing Indonesia. Ya ming Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos sing ngerti sakabehe.